Selasa, 24 Februari 2015

3 UWIT AMBRUK LAN NIBANI MOBIL

3 UWIT AMBRUK LAN NIBANI MOBIL

Gambar mobil sing ketibanan uwit 3

Gunungkidulpost.com – Playen – telung uwit sing jenise mahoni, tali kukun lan pring ukurane gedhe ambruk sakwusi di sambet angin kang kenceng lan di bareni udan kang deres yaiku ing dalan yogja-wonosari pase ana Desa Gading, Playen, Senin (23/2/2015).

Akibate kadadean iku satunggal mobil jenis suzuki carry 120 plat AD 1654 TJ ingkang di tumpaki jupri (50tahun) warga Kecamatan Rongkop pecah kaca ngarep sakwuse di amuk 3 uwit kang amruk.

Jarene, pas mobil iki mau lewat nyang arah pom bensin gading, ujug-ujug wit peing kang gedhe ambruk, sakbanjure ngindar saking pohon pring kimau enek truk nyrempet spion kanan lan akhire uwit mahoni lha kok melu-melu ambruk lan ngeneki kaca ngarep mobil.

“karepku arep kulakan sayur teng pasar giwangan, jogja nanging kok ana uwit lha kok malah mecahne koco bobilku sing ngarep,” jelasane.

Deweke nambahne, mobil sing di setiri deweke iku pas nggowo penumpang 4 yaiku sakdulure sing rencanane arepe ngendangi dulure kang loro ana rumahsakit ing yogja.

“bagian ngarep ana tiyang kaleh salah sawijining yo aku dewe (jupri) sing ana ing mburi ana sakdulurku ingkang badhe melu teng yogja saperlu ngendangi tiyang sakitt,” jarene jupri.

Pas wancine niku Wasirin saking BPBD pas ana ing lokasi njelasne, pas meniko wis di tangani langsung denig pihak plosek playen.

“kulo ditelepon langsung kelokasi nanging sampun ditangani dening pihak polsek playen, amargo kadadean meniko, kemacetan ngantos puluhan kilometer lan ora ana korban,” jelase jupri .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar